Minggu, 23 November 2014

Cerita Rakyat



ARYA PENANGSANG
Kerajaan Demak kala iku dipimpin karo Raja kang asmane Raden Patah. Raden Patah duwe permaisuri kang menehi keturunan yaikuSultan Trenggana,Sunan Prawata lan Nyai mas Kalinyamat. Saka salah sijine selire dheweke nduweni keturunan yaiku Pangeran Jipang. Pangeran Jipang sing manggon ana Jipang.
Ing sawijining dina,Raden Patah seda lan kekuasaan pemerintahan kuwi dadi pewaris putrane sing nomor siji yaiku Sultan Trenggana. Bareng wis pirang-pirang taun olehe merintah lan nguwasani kerajaan Demak,piyambake seda. Nalika iku Sultan Trenggana ora nduweni keturunan. Amerga kuwi,kekuasaane kerajaan Demak dadi rebutan Sunan Prawata karo Raden Patah.  Demak dadi konflik sing nyebabke perang sedulur. Demak dadi akeh konflik lan ora tentrem kaya mulane. Ing perang iku sing menang wusanane yaiku Sunan Prawata. Pangeran Jipang mati ing tangane Sunan Prawata. Tahta kerajaan tiba ning tangane Sunan Prawata.
Nalika iku pangeran Jipang duwe keturunan arane Arya penangsang. Kala iku Islam lagi dadi agama kang disinauni karo wong akeh. Arya penangsang merguru karo Sunan Kudus. Ning kana Sunan kudus ngendika karo Arya Penangsang yen bapake kuwi dipateni karo Sunan Prawata,ora liya Raja Demak sing isih sabapak karo bapake Arya Pennagsang. Ngerti kabar kaya ngana kuwi Arya Penangsang sing watake emosinan,gampang nesu, muntab atine.
Saka Jipang Arya Penangsang langsung nggawa pasukan sing jumlahe padha akehe karo pasukan kerajaan Demak. Dheweke mara Demak nggoleki Sunan Prawata lan arep nuntut bales merga bapake sing wis dipateni mau. Dheweke ora trima bapake dipateni,mula isa ora isa dheweke kudu mateni Sunan Prawata.
Bareng tekan kana,kedadean perang sing wis nyebabke patine wong akeh. Sunan Prawata mlayu ning Semarang. Kedadean perang gedhe,pungkasane Sunan Prawata nemu patine ning tangane Arya Penangsang. Arya Penangsang isih ora terima,dheweke langsung mara ning Jepara nemoni Pangeran Kalinyamat sing wis dianggep ngrewangi Sunan Prawata mateni Bapake yaiku Pangeran Jipang kala iku. Pangeran Kalinyamat uga nemu patine. Arya Penangsang lega banjur bali dadi Adipati ning Jipang.
Kala iku ora ana sing wani nandhingi Arya Penangsang. Merga dheweke sekti,lan uga ora bisa ketanding marang sapa bae. Ora ana sing wani karo dheweke. Apa maneh Arya penangsang kekuwasaane gedhe banget ana dhaerah Jipang.
Weruh kedadeyan yen sedulure yaiku Sunan Prawata lan sisihane dipateni karo Arya Penangsang,Nyai Kalinyamat sing garwane Pangeran Kalinyamat ora terima. Dheweke banget olehe lara ati karo sing jenenge Arya Penangsang. Banjur Nyai Kalinyamat tapa ing sawijining gunung. Tapane kuwi ora klamben utawa wuda. Sing dadi gantine nutupi aurote yaiku rambute kang dhawa. Banjur dheweke ngadhakake sayembara sing unine sapa wae sing isa mateni Arya Penangsang bakal diwenehi imbalan yaiku bakal ngentuke dhaerah Kalinyamat lan Prawata. Dheweke uga gelem ngabdi saumur uripe karo sapa wae sing wis mateni Arya Penangsang.
Ing sakliyane kuwi,Arya Penangsang kuwi jebule dhuwe adhi jenenge Sultan Pajang sing nguwasani dhaerah pajang. Adhine iku uga padha-padha merguru ning Sunan Kudus. Nanging sing paling disayang yaiku Arya Penangsang. Sunan Kudus ngendika,yen Arya Penangsang arep dadi panguwasa tanah Jawa kudu mateni adhine,Sultan Pajang. Sunan Kudus nyaranke yen Sultan pajang dipateni lan diculik wae tanpa ana sing meruhi. Carane,Arya penangsang ngongkon uwong kanggo nindhake kabeh mau. Arya Penangsang nyaguhi apa sing disaranke karo gurune mau.
Ing wayah wengi nalika Sultan pajang lagi turu karo para garwane sing turu ning ngisor. Dheweke sare selimutan kain jarit. Mara-mara ana wong papat mlebu arep mateni Sultan Pajang. Ditujep-tujep wetenge ora bisa. isih wae Sultan mau turu. Bareng ngana para garwane padha tangi,njerit-njerit keweden meruhi Sultan pajang arep dipateni karo maling. Wong papat mau mlayu. Barang keprungu ngana Sultan Tangi lan nakoni garwane. Garwane padha mangsuli yen Sultan arep dipateni karo wong papat iku. Sultan Pajang banjur nggudhag maling mau. Maling-maling sing ora liya utusane Arya Penangsang mau kecekel lan ora bisa obah-obah sanalika. Banjur ditakoni sapa sing ngutus wong papat mau. Amarga keweden banjur padha mangsuli yen sing ngangkon kuwi Arya Penangsang. Utusan-utusan mau banjur diapura lan diwenehi dhuwit lan mas-masan sekanthong. Banjur bali mara Jipang.
Para utusan ngadhep ning Arya Penangsang. Matur yen ora saguh mateni Sultan Pajang merga sekti mandraguna lan ora bisa dipateni sanalika. Arya penangsang gela atine. Dheweke banjur ngaturi pirsa marang Sunan Kudus yen ora kasil olehe mateni Sultan Pajang. Sunan Kudus nyaranke yen Sultan pajang diutus wae mara Kudus,keperluane bab rembugan ilmu.
Sunan Kudus banjur ngirim utusan mara Pajang. Ngerti yen ditimbali mara Kudus karo gurune,dheweke bingung. Banjur para penasehate matur yen kudu ati-ati menyang Kudus,senajan iku ngadhep gurune dhewe. Mbok menawa iku mau ana sangkut paute karo utusan sing arep mateni Sultan pajang wingi-wingi. Sultan Pajang tetep mara Kudus ananging nggawa pasukan,jaga-jaga yen menawa kedadeyan perang gedhe. Dheweke mangkat nunggang jaran.
Tekan Kudus,utusane mara laporan ning Sunan Kudus yen Sultan Pajang rawuh. Sunan Kudus ngutus Arya penangsang diutusnemoni Sultan pajang ning pendapa. Dheweke uga wis nduweni siasat arep mateni Sultan Pajang ning kana uga karo kerise. Utusan Sunan Kudus mau matur yen Sultas Pajang diutus nemoni Arya Penangsnag ning pendapa. Sultan pajang ditutake karo para pengawale sakiwa tengene lan tetep waspada ngadhepi swasana ning kana.
Sultan Pajang banjur lungguhan adhep-adhepan karo Arya Penangsang. Arya penangsang banjr takon karo Sultan Pajang bab keris sing digawa kanggo ngadhep karo Sunan Kudus. Wangsulane yen keris sing digawa gur kerise dheweke sing lawas. Kerise mau banjur dijupuk Arya Penangsang saka lungsungane. Nanging banjur tanggap Sultan Pajang ngoyok kerise maneh. Banjur Sunan Kudus marani kelorone mau sing lagi tudhing-tudhingan keris.
 Sunan Kudus takon ana apa kok padha nudhuhake kerise dhewe-dhewe. Banjur diwangsuli sengak karo Arya Penangsang yen durung wayahe dheweke nggawe Randa bojone uwong. Disengaki baik karo Sultan Pajang yen dheweke uga urung wayahe makani manuk gagak. Krungu ngana kuwi Sunan Kudus banjur ngendika yen ora usah padha geger mendingan padha bali dhewe-dhewe menyang panggonane. Mesthi padha ditimbali maneh mengko. Kelorone bali menyang panggonane dhewe-dhewe.
Ning tengah dhalan para pengawale Sultan Pajang ngaturi Pirsa yen Nyai Kalinyamat semedi wudha merga atie lara banget ngerteni kangmase lan bojone dipateni Arya Penangsang. Dheweke ora terima yen nggawe sayembara,sapa wae sing bisa mateni Arya Penangsang,dheweke bakal ngabdi marang sing mateni mau lan menehi kabeh bandhane karo wilayah kalinyamat uga prawata.
Ing kene ana rong versi cerita ngenani sing mateni Arya Penangsang. Kaping pisan,nyeritake yen ana utusane Sultan Pajang yaiku ki Pamanahan Lan Ki Panjawi mau ngaturi pirsa bab Nyai Kalinyamat mau. Banjur Sultan Pajang nemoni Nyai Kalinyamat mau. Dheweke teka marang panggonan Kalinyamat mau tapa. Ning kana ketemu karo utusan-utusan saka Nyai Kalinyamat. Ki pamanahan lan Ki Panjawi mau ijin arep ketemu karo Nyai Kalinyamat marang para utusan-utusane uga pengawal-pengawal.
Bareng padha ketemune Nyai Kalinyamat mau ngendika lan nyuwun tulung banget karo Sultan Pajang kanggo mateni arya Penangsang. Bareng ngana Sultan Pajang mangsuli yen dheweke arep mikir-mikir dhisik merga sing dilakoni iki bakale abot banget. Dheweke janjeni bakal ketemu maneh karo Nyai Kalinyamat seseuk bengine. Diomongi kayaa ngana mau Nyai Kalinyamat nyaguhi. Nanging saungkure Sultan pajang saka manggone Nyai kalinyamat mertapa. Utusan-utusane yaiku Ki Pamanahan lan ki Panjawi ngadhep Nyai Kalinyamat. Bakal kelakon apa sing dikarepake Nyai kalinyamat yen Sultan pajang mau diiming-imingi wadon loro sing ana ing sajabane pintu mau. Nyai kalinyamat mau nyaguhi. Utusan mau mbalik ning Pajang lan matur apa sing wis dirembugake karo Nyai kalinyamat. Sultan Pajang banjur saguh karo sing arep diwenehake marang dheweke kuwi.
Banjur ki Pamanahan lan Ki panjawi ngatur siasat karo Sultan pajang. Sesuke,ki Pamanahan lan Ki Panjaw nekani uwong sing kulinane golek pakan jarane Arya Penangsang. Wong loro mau njaluk supaya uwong sing ngabdi ning Arya Penangsang mau gelem dijaluk kupinge. Awale ora gelem,bareng sakwise diancam banjur gelemi nuruti lan diwenehi dhuwit.
Kupinge dicentheli layang sing isine Arya penangsang ditantang mara Bengawan sore. Abdi mau mara ning istanane Arya Penangsang nanging dicegat karo Mentaun yaiku patihe Arya Penangsang,ditakoni bab kupinge sing diganti karo layang. Abdi mau ora dientuke mlebu nanging ucul saka Mentaun banjur mlebu ngadhep Arya Penangsang sing lagi dhaharan. Arya Penangsang muntab atine meruhi isi layang mau. Dheweke lunga dhewe nunggang jarane kang aran Gagak Rimang tanpa prajurite. Sakjane wis dicegat lan wis dipenggak karo Patih Mentaun ananging Arya Penangsang tetep meksa. Bareng tekan bengawan sore mau,Arya penangsang mau diserang karo wong akeh saka wargane Pajang. Dheweke dikeroyok nganti ususe mberodhol saka wetenge. Ning kana mau akeh sing mati merga jarane Arya penngsang uga ngamuk nyempar uwong-uwong.
Saka mburi ki Panjawi lan ki Pamanahan ngeculake jaran wadon,sing nggawe jarane Arya penangsang ora bisa dikendhalikake. Ngerti kesempatan ngana kuwi banjur Ngabehi Lor nombak Arya Penangsang karo tombak Kyai Plered. Arya penangsang banjur tewas sanalika.
Sawise kuwi Ki Pamanahan lan Ki Panjawi laporan karo Sultan Pajang. Wong loro mau ngira ngabehi Lor kuwi isih enom dadine ora perlu diwenehi tanah kanggo merintah,mendingan diwenehi klambi sing apik-apik wae. Saka iki ki Pamanahan karo Ki panjawi sepakat yen wong loro mau bakal ngakoni yen sing mateni Arya Penangsang dheweke sakloron mau.  Dheweke sakloron diwenehi tanah kanggo merintah karo Sultan Pajang.
Bareng ngana banjur ngadhep Nyai Kalinyamat. Nyai Kalinyamat lega atine merga Arya Penangsang wis nemu patine. Nyai Kalinyamat sing mau wis janjeni arep menehke kabeh kekuasaane sarta hartane,banjur ditolak karo lelorone.Merga wis diwenehi Sultan Pajang tanah kanggo merintah. Banjur milih diwenehi selire wae kanggo Sultan Pajang. Nyai kalinyamat nyaguhi nanging sing tuwa ben melu dheweke kanggo ngrumati dheweke. Sultan pajang banjur milih salah sijine selir bekas bojone mau nanginganah kanggo merintah karo Sultan Pajang banjur dititipke Ki Pamanahan amarga isih cilik. Nyai Kalinyamat ngabdi karo Ki Pamanahan.
Kaping pindha ceritane sing bisa nyaguhi sayembara kuwi adhine ipe Nyai Kalinyamat yaiku Jaka Tingkir. Jaka Tingkir mau ngutus Danang Sutawijaya. Kerungu yen ditantang Arya Penangsang mara ing Bengawan sore banjur kedadeyan perang. Kedadeyan perang mau,Arya Penangsang saya muntab atine,saya ngamuk merga dheweke sing sekti mandraguna kuwi ditantang karo uwong sing durung mesthi sekti kaya dheweke.
Danang Sutawijaya dhuwe taktik. Minangka kae jarane Arya Penangsang kang arane gagak Rimang kuwi iku lanang. Banjur dheweke nunggangi jaran wadon. Wektune perang temenan kedadeyan. Jarane sing dienggo kuwi jaran Lanang. Dheweke nunggang jaran wadon.
Arya Penangsang perang karo Danang sutawijayo karo nunggang jaran. Ngerti jarane Arya Penangsang angel dikendalekake,danang Sutawijaya banjur nombak karo tombak kang arane kiyai Plered. Ususe Arya penangsang mbrodhol. Nanging Arya Penangsang isih nduweni kekuatan kanggo ngelawan Danang Sutowijoyo. Ususe sing mberodhol mau dililitke ning kerise dheweke nganti ora bisa diudhari maneh. Kelorone perang  nganti geget banget. Nanging ora sengaja Arya Penangsang ning tengahing perang mau njabut kerise. Saka kuwi dadi patine Arya penangsang. Akhire Danang sutowijaya mau menang. Arya penangsang mati merga emosine dhewe tanpa bisa mikir logis.





geguritan



Matur Nuwun Ibu

Ibu...
Welas Asihmu tansah tak elingi
Gawe aku tansah sumringh ing dina-dinaku
Ibu...
Tresnamu marang aku menawa ora bisa ditandhingi
Tangisku bisa kok ubah dadi ngguyu
Ibu...
Aku tresna banget marang ibu
Apa wae bisa mbuk lakoni kanggo apa sing tak pingini
Matur nuwun ibu


geguritan

SEMUT KANG KAPIDHAK

Awakmu kadang luput disawang sakliyane
Cilik.... nyamari...
Sikilmu cilik-cilik
Kanthi ora katon olehe mlaku
Dipidhak,ditindhih
Mlaku timik-timik
Ora keprungu suwaramu marang sing gedhe
Mut... semut...
Kapan uripmu ora kepidhak-pidhak?
Kapan kowe digemateni?
Karo gajah-gajah gedhe sing padha ngidhak-ngidhak marang awakmu?
Lungkrah... Pasrah lan narima
Iku sing bisa mbug lakoni


geguritan

KALI URIP
Apa padha ngerti?
Batin  sing rasane kemrungsung?
Kayata..
Ngingeti kali kang mili ora ana juntrunge
Ngingeti kali-kali kang akeh kricak lan watu-watune
Ngingeti kali kang garing uga nyumber gedhe nanging ora anteng olehe nyumber
Ora arang ana uga
Batin sing rasane tentrem
Yen ngrungoke swara banyu kang mili
Yen ngrungoke swara kewan-kewan kang semauran
Ayem tentrem gawe ati lega
Duh gusti kayata kali,urip kadang menggak menggok
Duh gusti kayata kali,urip kadang akeh kricake
Kadang ya uga reged akeh sampah
Pada kaya urip sing akeh kahanane
Kali iki menawa bisa resik yen diresiki lan dijaga kanthi titen
Urip uga ngunu kudu ngati-ati lan dijaga kanthi ora semrawut






Geguritan

IKHLAS
Angel rikala  kudu legawa ngadepi urip iki
Nampa kabeh kahanan kang wis ditakdirake
Angel rikala  kudu ngalah ngadepi kahanan iki
Nampa kabeh sing kudune ora tak tampani
Kadang pengin ngomong karo sing nduweni urip iki
Duh Gusti paringana leren,ati iki pegel
Duh Gusti paringana aku mati rasa,ambegane sesek banget
Duh Gusti apa salahe nganti kudu ngerasake iki kabeh
kesel, wegah
Nanging petenging ati
Nyoba pangerten karo dalan sing tak lakoni
Ikhlas... aja kakean maido
Ikhlas... kabeh ana dalane
Percaya karo apa sing ditentuke Gusti Allah
Mesthi wae ana karep ing sakwalike kahanan iki