Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



POLAH NOM-NOMAN SAIKI

Nom-noman saiki wis keplarak ning neraka donya
Padha adus ning lumpur dosa tanpa wedi karo Gustine
Yen dikandhani jare merga tresna
Kudu kepriye yen wangsulane babagan rasa
Rasa kang gawe wuta kabeneran
Jejogedan ning kawah neraka
Gawe dosa sing indah ning donya
Lan nglunturake apa sing dadi piwelinge agama
Sapa sing arep disalahke?
Yen rasa dadi alasane
Sapa sing arep nanggung sakebahane?
Yen kabeh kuwi wis dadi budaya sing kepalang tanggung
Mung ati lan cipta sing bisa owah
Owah kanthi gawa rasa sing nertibake polahe

geguritan



MRIPAT

Mripat iki panggone ning ngarep
Ora ning mburi
Mripat iki mung bisa ngingeti ngarepe
Ora bisa ngingeti sak mburine
Kejaba yen awak iki mubeng mengguri
Nanging apa gunane?
Iki wis takdire mripat kudu ngingeti mengarep
Ora mengguri
Aja delok apa sing wis dilakoni ning mburi
Aja noleh mburi
Yen sejatine mripat wis digawe
Kudu ngingeti lurus sak ngareoe
Ora sak mburine


geguritan



BANJIR

Banyu mili mbludag
Banyu kang kecampuh lumpur
Kabeh pada ing sak ngisore banyu
Menungsa bingung padha golek panggon
Playon golek sing ora teles
Golek sing ora ana banyu gawe awake kelep
Sak liyane padha kemambang merga ora bisa mlayu saka banyu kuwi
Sampah-sampah padha melu kemamban
Reged.... kumuh...
Yen ngene sapa sing arep disalahke?
Mbiyen alas padha ditembang
Kali digawe panggonan guwak sampah
Terus jaluke piye?
Ning donya karek manggoni ora bisa jaga

geguritan



GOLEK ILMU

Kabeh lair diwenehi pikiran
Ora ana wong bodho
Sing ana mung wong sing males
Nanging apa sing wis kedadean saiki?
Sing bisa nduweni ragad
Padha sakepenake dhewe
Sing ora nduweni ragad
Ngaplo mung bisa deloki
Apa iya arep ngene terus?
Yen sing butuh ilmu uga isih akeh
Isih padha akeh sing gelem
Ora terima golek titel lan status
Kanggo kerja kepenak lan kajen
Nanging kasunyatane
Ilmu sing diduweni mung keplarak
Mili saka pikiran dibuwang alon-alon
Lan disepelekake

geguritan



LALI
Dening: Kus Tajianto

Sabenere kita asring gegojegan
Antaraning wong nonton layar tancep ing lapangan bal
Sabenere kita asring padudon
Antaraning gela karo lila
Sabenere kita bebareng ngejawantah ing palagan iki
Kaya banyu wantah sing mbokombe
Kaya omong kosong sing mbokrungu
Sabenere kita tan nate bener
Saliyane ngaku bener

Yen pinuju wengi
Aku nggagas
Apa garbane ibu ya elok kaya donya iki
Apa papane Gusti ya peni kaya plataran sing kebak cah-cah
Dolanan rumpetahun
Kapethik saka: Panjebar Semangat