Senin, 15 Desember 2014

geguritan



Sewu taun suwene
Nanging nek awakmu sanggup kanggo ngelalike ndekne
Aku sanggup teka lan nata
Ati sing wis ketutup suwe
Nek awakmu isih ragu nampa
Ben ati cilikku ngomong
Merga aku ngerti bakal teka wektune
Awakmu dadi bagian uripku
Nganti sewu taun suwene

Guyonan



Celengan
A         : mas,melu aku kumpul karo kanca-kancaku yok?
B         : emoh ah,awit wingi aku kok ngetutke kowe terus,isin karo kanca-kancamu
A         : la kenapa?
B         : kaya celengan
A         : ????!!!!!!

Udel mabur
Ririn                : mbak Nani tulisanmu kok rapi ta?
Asih                 : ora usah ngomong ngana mengko udele mbak Nani mabur
Ririn                : lah As piye carane udel mabur ?

Pat Kai
Sawijing dina anak Anak sing lagi nunggoni bapake ning Rumah Sakit.
Bapak  : ndhek jamane aku enom gagah lo nduk
Anak   : la sakmenika jenengan taksih rumaos bagus,gagah?
Bapak  :ora nduk,aku enom cilik awakku terus lemu ginuk-ginuk la saiki bareng kena lara gula wetenge gedhe awake cilik kaya babi pat kai
Anak   : (ngempet ngguyu)

Digodhok apa Dikukus
Sawijining dina ana mantu sing lagi nunggoni maratuwane ning Rumah sakit
Mantu              : bu ditambah transfusi darah malih nggih?
Mertuwa          : la iku getihe sapa,wis dikukus apa digodhok sek urung mengko akeh penyakite?
Mantu              : ???

Sepur
Retno  : aku kok kepengen  numpak sepur
Endah  : emange kowe durung tau numpak sepur?ning ngarep omahku ana sepur sih
Retno  : apa iya?
Diah    : Sepur-ane wae mboten wonten maksude
Endah  :hahahaha
Retno  :haduh keapusan maneh

Jaket ireng
Leman lan wignyo lagi ngopi bareng. Mara-mara Amrul sing awake ireng banget teka marani leman lan wignyo.
Leman                         :rul awan-awan kok nganggo jaket ireng
Wignyo                       : jaket?endi ta man?
Amrul                          : iki kulitku man,aja ngece kowe...
Leman &wignyo         :hahahahha

sing lucu



SANDHAL
Kebeneran tanggal 20 Januari wingi jurusanku nganaake Kuliah Kerja Lapangan (KKL) menyang Bali. Wengi sakdhurunge udakara jam setengah 12,aku,Setiani lan Tri kancaku sakjurusan padha omong-omongan ning ngarep TV lantai siji Kosku.
“Nyong sesuk nggawa sandhal apa ya? Nyong lali ora tuku sandhal,ndhuwe sandhal sepasang bae karek siji “ngomonge mbak Set karo dialeke sing ngapak. Iku olehku ngundang Setiani.
“Lha sandhalmu sijine ilang ngendi?” takonku penasaran
“alah ning mburi kae lho ya akeh sandhal” omonge Tri karo dholanan hapene.
“Nyong wingi ki ngeterke sapa ya? Nek ra salah ,si Antik ning stasiun. Mulihe, ning lampu abang Karyadi , ngenteni ijo ra nyong. Ning mburi nyong ki supir angkot,bapak-bapak sepedha motoran,lha sampinge nyong cah SMA-nan,mburine cah SMA kuwi polisi enom gantenge poll.aku ndeleng ko spion ra”
“la apa hubungane karo sandhal”takone Tri
“lha kuwi,aku kan nembe geleng-geleng nyanyi ra,bareng abang aku ngegas motor langsung. Sandhale siji keri merga sandhale mau ora sengaja tak copot. Ameh tak jupuk wis kadhung mlaku. Isin ra nyong,tak tutup kaca heleme padha baen,nembe kelingan nyong nyilih heleme   Haifa, kacane bening. Tak delok saka spion wog-wong padha ngguyu,polisine ngguyu,ah mboyak jablas wae tekan kos sandhalan siji”
Spontan aku lan Tri ngguyu banter banget ora maelu wong-wong padha turu. Lah ya ora ning kampus,ora ning kos kok nggawe polah aneh-aneh ta mbak Set?hehehe.

sing lucu



MINYAK KAYU PUTIH
 Mbak Rini putrane budheku kang mbarep dhewe. Rikala dheweke ditinggal tugas garwane ning Aceh,mbak Rini manggon karo budheku kang asmane Budhe Sri. Mbak Rini kagugangan putri jenenge Sekar sing isih 8 sasi. Sawijining dina Sekar awake panas,lan pilek. Banjur Budhe Sri lan Mbak Rini mriksake Sekar menyang dhokter. Sekar diparingi obat sirup. Tekan omah,obat sirup mau diselehke ning dhuwur paturone Sekar ning cedhake minyak kayu putih. Merga Sekar turu dadi Budhe lan mbak Rini durung bisa menehi obat. Budhe Sri sing nunggoni Sekar ora sengaja keturu ning cedhake Sekar. Mbak Rini nyambi ngumbahi sandhange Sekar ning mburi. Ora let suwe Sekar tangi. Keprungu tangise Sekar mbak Rini marani lan ngeneng-ngenengake Sekar. Budheku isih wae sare,menawa wae sayah merga wis sepuh. Bareng Sekar wis meneng,mbak Rini ndadak kebelet nguyuh. Kepeksa Budhe sri digugah.
“bu,aku kebelet,iki tulung Sekar diombeni obat”
Budhe Sri geragapan,banjur gendhong Sekar jupuk sendhok. Botol obate Sekar dijupuk karo isih merem-merem saking ngantuke. Ora sengaja sing dijupuk kuwi botol minyak kayu putih disok banjur diombeke Sekar. Bareng mbak Rini teka,mbak Rini kaget...
“loh bu,iki iku minyak?  kayu putih wis diombeke Sekar?”
“loh apa iya tha ndhuk sepurane ibu ngantuk banget,pantes Sekar upyek wae.”Budhe Sri radha kewdhen
“lah ya ta bu bu,muga-muga wae ora apa-apa”
Sorene awake Sekar sing panas banget mara-mara adhem. Mbak Rini dhurung Mmon?enenhi obat saka Dhokter sawise Sekar diombeni minyak kayu putih. Mbak Rini matur karo Budhe Sri ngguyu kemekelen. Panase malah mudhun diombeni minyak kayu putih. Woalah untung mari yen ora banjur piye?

geguritan



Jenengmu Citra
Aku seneng bisa kenalan karo awakmu
Awakmu kancaku kang bisa tak andalake
Jenengmu Citra Rahmawati
Ora kayata enengmu kang ngedohke
Yen awakmu bocah wadon kang gemulai
Awakmu bocah ayu kang kaya bocah lanang
Pangrupamu gawe uwong-uwong padha seneng
Nanging tingkahmu kadang gawe uwong bingung
Citra kancaku...
Daadia kancaku sing bisa tak banggake