POLAH
NOM-NOMAN SAIKI
Nom-noman
saiki wis keplarak ning neraka donya
Padha
adus ning lumpur dosa tanpa wedi karo Gustine
Yen
dikandhani jare merga tresna
Kudu
kepriye yen wangsulane babagan rasa
Rasa
kang gawe wuta kabeneran
Jejogedan
ning kawah neraka
Gawe
dosa sing indah ning donya
Lan
nglunturake apa sing dadi piwelinge agama
Sapa
sing arep disalahke?
Yen
rasa dadi alasane
Sapa
sing arep nanggung sakebahane?
Yen
kabeh kuwi wis dadi budaya sing kepalang tanggung
Mung
ati lan cipta sing bisa owah
Owah
kanthi gawa rasa sing nertibake polahe