Senin, 15 Desember 2014

Guyonan



Celengan
A         : mas,melu aku kumpul karo kanca-kancaku yok?
B         : emoh ah,awit wingi aku kok ngetutke kowe terus,isin karo kanca-kancamu
A         : la kenapa?
B         : kaya celengan
A         : ????!!!!!!

Udel mabur
Ririn                : mbak Nani tulisanmu kok rapi ta?
Asih                 : ora usah ngomong ngana mengko udele mbak Nani mabur
Ririn                : lah As piye carane udel mabur ?

Pat Kai
Sawijing dina anak Anak sing lagi nunggoni bapake ning Rumah Sakit.
Bapak  : ndhek jamane aku enom gagah lo nduk
Anak   : la sakmenika jenengan taksih rumaos bagus,gagah?
Bapak  :ora nduk,aku enom cilik awakku terus lemu ginuk-ginuk la saiki bareng kena lara gula wetenge gedhe awake cilik kaya babi pat kai
Anak   : (ngempet ngguyu)

Digodhok apa Dikukus
Sawijining dina ana mantu sing lagi nunggoni maratuwane ning Rumah sakit
Mantu              : bu ditambah transfusi darah malih nggih?
Mertuwa          : la iku getihe sapa,wis dikukus apa digodhok sek urung mengko akeh penyakite?
Mantu              : ???

Sepur
Retno  : aku kok kepengen  numpak sepur
Endah  : emange kowe durung tau numpak sepur?ning ngarep omahku ana sepur sih
Retno  : apa iya?
Diah    : Sepur-ane wae mboten wonten maksude
Endah  :hahahaha
Retno  :haduh keapusan maneh

Jaket ireng
Leman lan wignyo lagi ngopi bareng. Mara-mara Amrul sing awake ireng banget teka marani leman lan wignyo.
Leman                         :rul awan-awan kok nganggo jaket ireng
Wignyo                       : jaket?endi ta man?
Amrul                          : iki kulitku man,aja ngece kowe...
Leman &wignyo         :hahahahha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar