Senin, 15 Desember 2014

sing lucu



SANDHAL
Kebeneran tanggal 20 Januari wingi jurusanku nganaake Kuliah Kerja Lapangan (KKL) menyang Bali. Wengi sakdhurunge udakara jam setengah 12,aku,Setiani lan Tri kancaku sakjurusan padha omong-omongan ning ngarep TV lantai siji Kosku.
“Nyong sesuk nggawa sandhal apa ya? Nyong lali ora tuku sandhal,ndhuwe sandhal sepasang bae karek siji “ngomonge mbak Set karo dialeke sing ngapak. Iku olehku ngundang Setiani.
“Lha sandhalmu sijine ilang ngendi?” takonku penasaran
“alah ning mburi kae lho ya akeh sandhal” omonge Tri karo dholanan hapene.
“Nyong wingi ki ngeterke sapa ya? Nek ra salah ,si Antik ning stasiun. Mulihe, ning lampu abang Karyadi , ngenteni ijo ra nyong. Ning mburi nyong ki supir angkot,bapak-bapak sepedha motoran,lha sampinge nyong cah SMA-nan,mburine cah SMA kuwi polisi enom gantenge poll.aku ndeleng ko spion ra”
“la apa hubungane karo sandhal”takone Tri
“lha kuwi,aku kan nembe geleng-geleng nyanyi ra,bareng abang aku ngegas motor langsung. Sandhale siji keri merga sandhale mau ora sengaja tak copot. Ameh tak jupuk wis kadhung mlaku. Isin ra nyong,tak tutup kaca heleme padha baen,nembe kelingan nyong nyilih heleme   Haifa, kacane bening. Tak delok saka spion wog-wong padha ngguyu,polisine ngguyu,ah mboyak jablas wae tekan kos sandhalan siji”
Spontan aku lan Tri ngguyu banter banget ora maelu wong-wong padha turu. Lah ya ora ning kampus,ora ning kos kok nggawe polah aneh-aneh ta mbak Set?hehehe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar