Senin, 15 Desember 2014

sing lucu



MINYAK KAYU PUTIH
 Mbak Rini putrane budheku kang mbarep dhewe. Rikala dheweke ditinggal tugas garwane ning Aceh,mbak Rini manggon karo budheku kang asmane Budhe Sri. Mbak Rini kagugangan putri jenenge Sekar sing isih 8 sasi. Sawijining dina Sekar awake panas,lan pilek. Banjur Budhe Sri lan Mbak Rini mriksake Sekar menyang dhokter. Sekar diparingi obat sirup. Tekan omah,obat sirup mau diselehke ning dhuwur paturone Sekar ning cedhake minyak kayu putih. Merga Sekar turu dadi Budhe lan mbak Rini durung bisa menehi obat. Budhe Sri sing nunggoni Sekar ora sengaja keturu ning cedhake Sekar. Mbak Rini nyambi ngumbahi sandhange Sekar ning mburi. Ora let suwe Sekar tangi. Keprungu tangise Sekar mbak Rini marani lan ngeneng-ngenengake Sekar. Budheku isih wae sare,menawa wae sayah merga wis sepuh. Bareng Sekar wis meneng,mbak Rini ndadak kebelet nguyuh. Kepeksa Budhe sri digugah.
“bu,aku kebelet,iki tulung Sekar diombeni obat”
Budhe Sri geragapan,banjur gendhong Sekar jupuk sendhok. Botol obate Sekar dijupuk karo isih merem-merem saking ngantuke. Ora sengaja sing dijupuk kuwi botol minyak kayu putih disok banjur diombeke Sekar. Bareng mbak Rini teka,mbak Rini kaget...
“loh bu,iki iku minyak?  kayu putih wis diombeke Sekar?”
“loh apa iya tha ndhuk sepurane ibu ngantuk banget,pantes Sekar upyek wae.”Budhe Sri radha kewdhen
“lah ya ta bu bu,muga-muga wae ora apa-apa”
Sorene awake Sekar sing panas banget mara-mara adhem. Mbak Rini dhurung Mmon?enenhi obat saka Dhokter sawise Sekar diombeni minyak kayu putih. Mbak Rini matur karo Budhe Sri ngguyu kemekelen. Panase malah mudhun diombeni minyak kayu putih. Woalah untung mari yen ora banjur piye?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar