EDAN
Dening
Rini Tri Puspohardini
Iki
negara apa
Kok
kaya kraton durjana
Begal
kecu maling rampog
Padha
ngleter
Jogedan
tengah ratan
Dumeh
kinasih ing sinuwun
Harata
ya...
Kok
olehe padha tega
Eman-eman
Tinggalane
pahlawan
Kok
amung kanggo dlajigan
Ah.....
ya pantes
Karang
biyen durung keduman
Pancen
KRANJINGAN!!!!!!!!!
(2003)
Kapethik saka:
Kidung Saka Bandungan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar