Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



NOLEH MBURI
Dening: Sumono Sandy Asmoro

Noleh memburi
Nyawang bulakan sawah lan pategalan
Mandeg ijone suket lan gegodhongan
Ngulati impen kang nate gogrog

Sadawane dalan
Ing galengan iki sikilku nate kesandhung
Nalika kumricike banyu kalen
Gawe wirama kasepen
Nyawang abure kuntul bablas mangidul

Noleh memburi
Nyawang birune langit kan nyimpen
Lintang-lintang gumebyar
Ana kang dak rasa gothang ing alam gumelar
Nalika kembang arum dalu gogrog ing latar
Sadurunge cangkrimaning wengi rampung kababar

Noleh memburi
Nintingi dina-dina sepi
Mbatang cangkriman mangsa
Kang kebak petung lan tandha-tandha

Kapethik saka: Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar