Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



MEGURU MARANG ANGIN
Dening : Eko Nuryono

Pranyata obahe mangsa lan wektu
Ora bisa nyandhet obahe lakumu
Pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa
Ngunjara blegere wujud lan awakmu
Mbok ampingi saben wektu lakune srengenge
Mbok larapake saben wengi jangkahe mbulan
Kaya-kaya tanpa ana rasa kesel kang bisa mampir

Ah,ibu endahe saupama uripku
Bisa linuru lan manjilma kadya angin
Dimen ati tansah tatag ngadhepi kanyataan
Kang saben dina sanggan urip kang teka
Tansaya rinasa abot iki

(2011)


Kapethik saka: Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar