Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



MUSEUM SEPUR AMBARAWA
Dening Triman Laksono

Wayah tengange
Ngetungi dawane wesi jaman
Wis kaclum marang tembok-tembok lelakon
Tansaya suwe,tansah ngawe-awe ati
Ngiris kekarepan kang sumampir ana pundhak
Bareng tekane sepur pungkasan,mandheg salawase
Iki wektu,pancen dudu kahanan sakawit
Tansah bisa nggawa rasa pangrasa
Kebak ngarep-arep sapa kang teka
Nanging mung bakal mrangguli tandha
Stasiun Ambarawa,pungkasan jaman
Etungan mung kari petung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar