Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



LUMRAH
Dening: Ulfa Rahmawati

Jaman owah
Pokal ora nggenah saya nggladrah
Yen sinaruwe mere-mere
Yen diuja saya ndadra
Apa lumrah?
Jaman luntur
Tutur saya nglantur
Tumindak saya ngawur
Amung bandha kang sinedulur
Apa uga lumrah?
Lumrah
Wis dadi murah
Tinemu ing sak wayah-sayah
Nanging tekon lan trekah
Kang nggenah lan lumrah
Kang durung murah
Lan durung lumrah
Kapethik saka: Antologi Geguritan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar