Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



SATRIYA NGELMU

Dening:Rahmad Fauzi

Lakumu tanpa panjaluk
Dudu kang gagagh pidegsa
Amung ubet mubet tumata
Dudu kang kaserat asma
Andum ngelmu
Binabar sumebar
Dudu ancas bandha
Dudu karo sapa
Tangan kang ora sayah jejeg aneng dhuwur
Ati suci kang ikhlas
Isi ngelmu
Obah lan micara dadi patuladhan
Haiya ngelmu mampangat nusa bangsa sarta agama
Adoh ing tindak awon
Patuladhan kanggo kang putra
Satriya
Satriya
Satriya ngelmu katitik ing jiwamu....
GURU.....


Kapethik saka: Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar