Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



LAYUNG-LAYUNG JINGGA
Dening : Tomy Arjunanto

Layung-layung jingga
Kumayan sang naga amemasuh memala
Layung-layung jingga
Pakarti ala bali myang sirna
Layung-layung jingga
Kasangsaya manungsa ing marcapada
Layung-layung jingga
Bakal linebur bali sampurna
Naga amoksa sapta bawana
Manengku puja hardha sangara
Brantayudha tangeh rampunga
Meksa jurit pecahing jaja wutahing ludira
Sarana sanga harsa amemulya
Panandhang papa cintraka
Wus wancine....

Kapethik saka: Antologi Geguritan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar