Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



RINENGKUH
Dening Tomy Arjunanto

Dalu cumondhok ing galih
Gatel kalbu kagubel raos sih
Yagene meksa gemang nlesih
Saikine poyang paying kabuncang perih
Nadyan kuwasa ngripta wileding ukara
Tangeh bisa selak ing rasa
Lamun arsa kagawa ngulandara
Mendah nora kondur cinancang ndriya
\wus manuta rinengkuh asmara
Sesandhingan tumuli wreda
Kawuningana sajroning tresna
Jatining warnamu kang tuhu mulya


Kapethik saka: Antologi Geguritan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar