Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



MAKARYA

Dening Madagumilang

Yagene mung sedhakep ngekep dhadha
Jare yen ora ubet ora bakal isa ngliwet
Kejaba sliramu nembe tegel ngguwak kalodhangan saengga ora kumanan
Rejeki kang tumiba ing saurute dalan panguripan
Ora tangeh tansah dadi rebutan
Mula bener,yen ora obah sengara bisa mamah
Senadyan kakarepane ati golek gampange
Kaya mung pengin wira wiri wareg lan bola bali

Kapethik saka: antologi Geguritan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar