Sabtu, 10 Januari 2015

geguritan



ATUR PANGABEKTI
Dening : Tomy Arjunanto

Ta lelo lelo ledhung
Mardumarduwa linindhung gambang cemplung
Swaramu manis arum
Angudhang karem ing palem
Katresnanmu minangka pancasona
Angemban saliring sukma
Pepujan kang madhangi dalan
Pangestu kang handayani laku
Duh ibu
Kepriye anggonku nyaur banyu susu?
                                               
Kapethik saka :Antologi Geguritan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar